Sabtu, 10 September 2016

PIDATO BASA JAWA

“ NJAGI KARESIKAN LINGKUNGAN”
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah SMAN 1 KEPOHBARU ingkang kinurmatan.
Bapak Ibu Guru lan staf karyawan SMAN 1 KEPOHBARU ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Maha Kuwasa ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sedaya taksih saged makempal wonten alangan setunggal manapa-manapa. Shalawat saha salam kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tengga- tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir.
            Kula jumeneng dhateng ngriki ajeng medharaken babagan “ Karesikan Lingkungan SMAN 1 KEPOHBARU” karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya, kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya. Sahingga kita kedah njagi lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah maneka werna lelara.
Minanangka kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita terapaken wonten lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan kita resik kita ugi ingkang angsal dampak saenipun. Inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan saget di tindakaken khanti cara mbucal larahan/sampah wonten panggenan ingkang sampun dipuncepakaken, numindhakaken piket kelas kanthi ajeg lan sregep.
Cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kawula nyuwun agunging samudra pangaksami lan tumrap sedaya kawigatosanipun panjenengan kula ngaturaken agunging panuwun
Billahi taufik walhidayah

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar