Assalamualaikum Wr. Wb.
Para Bpak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan
lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan
ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang murbeng dumadi,
ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun saengga kita saged makempal wonten
mriki , sholawat saha salam kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad saw ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjangn ing dinten ahir.
Para hadirin, ingkang bagyo mulyo kula jumeneng
dhateng ngriki ajeg medharaken sesorah babagan “ Njagi lingkungan sekolah “
kanca-kanca, mangertoso yen lingkungan punika papan gesang pramila saking
punika kita kedah njagi kalestarian lingkungan kita supados kita saged gesang
kanthi tentrem salah satunggalipun cara njagi kalestarian lingkungan inggih
punika karesikan. Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih
kathah wonten runtah-runtah ingkang sumebar kadosta runtah plastik dhaharan,
unjukan lan kertas-kertas. Mangga kanca-kanca njagi karesikan lingkungan
ingkang kawiwit mbucal runtah ing panggenanipun lan sadar tumrap karesikan
sekolah.
Makaten sesorah kawula ingkang saged kula taturaken.
Nyuwun ngapunten menawi wonten klentu-klentunipun, atur kawula saking
kawigatosan. Panjenengan sedaya kula ngaturaken matur sembah nuwun.