Selasa, 18 Oktober 2016

NJAGI KALESTARIAN LINGKUNGAN

Assalamualaikum Wr. Wb.

Para Bpak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun saengga kita saged makempal wonten mriki , sholawat saha salam kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad saw ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjangn ing dinten ahir.
Para hadirin, ingkang bagyo mulyo kula jumeneng dhateng ngriki ajeg medharaken sesorah babagan “ Njagi lingkungan sekolah “ kanca-kanca, mangertoso yen lingkungan punika papan gesang pramila saking punika kita kedah njagi kalestarian lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem salah satunggalipun cara njagi kalestarian lingkungan inggih punika karesikan. Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih kathah wonten runtah-runtah ingkang sumebar kadosta runtah plastik dhaharan, unjukan lan kertas-kertas. Mangga kanca-kanca njagi karesikan lingkungan ingkang kawiwit mbucal runtah ing panggenanipun lan sadar tumrap karesikan sekolah.
Makaten sesorah kawula ingkang saged kula taturaken. Nyuwun ngapunten menawi wonten klentu-klentunipun, atur kawula saking kawigatosan. Panjenengan sedaya kula ngaturaken matur sembah nuwun.

            Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar