Sabtu, 10 September 2016

HARI R.A. KARTINI

Assalamualaikum Wr. Wb
            Para Bapak Ibu lan sedheret sedaya ingkang kula kurmati, wonten dinten ingkang bagya mulya manga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos syukur dhumateng ngersanipun Allah swt, saengga wekdal niki kita sedaya saged makempal wonten mriki kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan menapa-menapa.
            Shalawat saha salam konjuk dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. Ingkang sampun mbekta kita saking jaman jahiliyah temuju jaman islamiyah.
            Selajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengeten dinten kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggarake wekdal kersa rawuh wonten undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
            Para rawuh sedaya sampun mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 wonten jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangerti minanggka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun Wanita Indonesia ngantos saget sami kaliyan drajating priya.
            Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten pingitan, para wanita mboten dipun keparengaten sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.
            Asil perjuanganingRaden Ajeng Kartini prayata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah wonten jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados ibu megawati sukarno putri presiden republic Indonesia ingkang kaping gangsal.
            Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng tentu remen priksa kawontenan kaum wanita wonten wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipun kersakaken R.A. Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun paringaken wanita mboten naming wonten wingking.
            Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut kangge majenyaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggaluwentah putra wonten kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bekti nipun dhateng negari.

            Naming menika ingkang saged kula aturaken mboten kasupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. Mugi sedayawau pikantuk piwales ingkang murwat sangking gusti ingkang Akarya jagad.
            Menawi anggen kula matur wontem kalepatan saha solah bawa ingkang kurang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten
Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar